• Soal PAS Bahasa Jawa kls 7



    Contoh Soal PAS Bahasa Jawa kls 7

     Banjir Bndhang

    Banjir bandhang/bena ingkang dumados wonten kecamatan Undhakan, Kabupaten Kudus Propinsi Jawa Tengah pranyata saestu nggegirisi manah. Banjir/bena kasebat dumados kinten-kinten tabuh tiga enjing rikala surya kaping 28 Januari 2014. Saking banjir/kena menika, kirang langkung wonten 44 griya ingkang risak. Saking 44 griya kasebat wonten 10 griya ingkang risak berat upaminipun ambruk, payonipun ambrol, dene 34 griya sanesipun kalebet risak entheng menika tembokipun namung benthet utawi retak.

                Wondene ingkang njalari banjir/bena inggih menika amargi jawah ingkang teras-terasan tan wonten pedhotipun saking pegunungan/pareden kendheng, inggih menika salah satunggaling tlatah ing kaki Gunung Murya.Toya jawah ingkang kacampur  lumpur tuwin sela saking redi kasebat tumuju kali/lepen undhakan Kudus saengga griya ingkang wonten sapinggiring sami keli. Prakawis menika temtu kemawon ngrugekaken Masyarakat  ing tlatah menika. Miturut pangandhikanipun Bapak Camat Undhakan, inggih menika Bapak Murdin rikala surya kaping 28 Januari 2014, bena ageng ingkang kados makaten amargi saking jawah deres saking Pareden Kendeng tuwin saluran toya  ingkang kirang sae saha boten lancar.

    1.       Kapan kedadean bena/ banjir ing kecamatan Undhakan, Kabupaten Kudus Propinsi Jawa Tengah... .

    A.      28 Januari 2014

    B.      27  Januari 2014

    C.      10 Januari 2014

    D.     8 Januari 2014

    2.       Pira cacahe griya ingkang risak berat nalika bena/ banjir ing kecamatan Undhakan, Kabupaten Kudus Propinsi Jawa Tengah... .

    A.      44

    B.      10

    C.      33

    D.     28

    3.       Sinten asmanipun Bapak Camat Undhakan ....

    A.      Prapto

    B.      Rikala

    C.      Murdin

    D.      Yohanes

     

    Wondene ingkang njalari banjir/bena inggih menika amargi jawah ingkang teras-terasan tan wonten pedhotipun saking pegunungan/pareden kendheng

    4.       Tembung Jawah duweni teges... .

    A.      Lumpur

    B.      Geni

    C.      Angin

    D.     Udan  

    5.       Teges e tembung Surya inggih punika... .

    A.      Tanggal

    B.      Panggonan

    C.      Omah

    D.     Bulan

     

    Miturut pangandhikanipun Bapak Camat Undhakan

    6.       Tembung kang kacetak miring duweni teges... .

    A.      Suwarane

    B.      Omonganne

    C.      Prilakune

    D.     Dawuhhe

     

    Gunung Kelud Njebluk

     

    Nalika surya kaping 13 Pebruari 2014 Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik. Miturut rekomendasi  Pusat Vulkanologi , Mitigasi lan Bencana Geologi (PVMBG) para warga kumudu kudu diungsekake ing tlatah Kecamatan Ngancar , Wates,  lan Pare Kedhiri.  Kaya dene kang diramal sadurunge , nalika jam 10  bengi luwih 50 menit surya kaping 13 Pebruari 2014 Gunung Kelud njebluk ngetoke lahar panas lan awu vulkanik kang muncrat nganti  luwih saka 17 km dhuwure lan 25 km adohe.  Swarane ledhakan kaprungu nganti Solo lan Yogja kang adohe kurang luwih 200 km malah nganti tekan Purbalingga kang adohe kurang luwih 300 km saka Gunung Kelud. Senajan wis padha nyelametke nyawane dhewe-dhewe, nanging isih ana warga sing kepeksa  dadi kurban. Kacathet kurang luwih 24 warga dadi kurban Gunung Kelud lan kira-kira 100.248 kudu padha ngungsi. Kegiyatan ing bandhara uga ditutup, amarga ora sithik pesawat lan tlatah ing bandhara kang katutup dening awu vulkanik, saengga bisa ngganggu kagiyatan penerbangan. Piranti arupa seismograf rusak amarga kalindhih utawa ketimbun material watu lan awu, amarga piranti mau mung lima km jarake saka Gunung Kelud. Rusake piranti kasebut pranyata bisa ngganggu aktivitas PVMBG kang digunakake kanggo mantau aktivitas Gunung Kelud. Mula saka iku para petugas kang ana, banjur cancut tali wanda utawa cekatan nggunakake piranti pemantau manual kanggo ngantisipasi kedadeyan lan letusan Kelud susulan.

     

     

     

     

    7.       Gunung kelud njebluk ngetoke lahar panas lan awu fulkanik jam pira?

    A.      10 bengi luwih 50 menit

    B.      10 awan luwih 50 menit

    C.      22 : 00

    D.      21 : 50

    8.        Swarane ledakan Gunung Kelud ngasi keprungu nganti solo lan yogyakarta kang adohe... .

    A.      300 Km

    B.      17 Km

    C.      25 Km

    D.      200 Km

     

    Mitigasi lan Bencana Geologi (PVMBG) para warga kumudu kudu diungsekake ing tlatah Kecamatan Ngancar.

    9.      Tembung kang kacetak miring duweni teges... .

    A.      Omah

    B.      Gunung

    C.      Papan

    D.     Desa

    10.   Tembung dening duweni teges... .

    A.      Amerga

    B.      Wonten napa

    C.      Oleh

    D.     Saka 

    11.   Piwulang ing serat Wulangreh iku maneka warna. Serat wulangreh kang dipun serat dening sunan pakubuwana IV awujud... .

    A.      Cerita

    B.      Geguritan

    C.      Karangan

    D.     Tembang

    12.   Apa isine Serat Wulangreh Pupuh Pangkur... .

    A.      Tata krama lan mbedakake ala lan becik

    B.      Pasrah lan sukur maang gusti

    C.      Dhasa-dasar tingkahlaku manungsa

    D.      Cara srawung utawa milih kanca kang becik

    13.   Tembang pangkur kang ana ing Serat Wulangreh kedadean saka pirang Pada... .

    A.      4

    B.      17

    C.      13

    D.      7

     

     

    14.    Serat wulangreh kedadean saka ...pupuh

    A.      12

    B.      17

    C.      13

    D.      15

    15.   Menawa siswa bisa nglakoni samubarang kaya sing di andarake ing serat wulangreh iki  para siswa duweni nilai karakter kang agung. Ananging menawa para sisiwa ora bisa nglakoni lan nerak angger-angger kang ana ing tembang pangkur iki para siswa bakal... .

    A.      Ora beja

    B.      Nmoni  becilaka

    C.      Ora papa

    D.      Rusak mentale

     

    Deduga lawan prayoga,

    myang watara reringa aywa lali,

     iku parabot satuhu,

    tan kena tininggala,

    tangi lungguh angadheg tuwin lumaku,

    angucap meneng anendra,

    duga-duga nora lali.

     

    16.   Tembang macapat ing duwur kelebu tembang Macapat... .

    A.      Pangkur

    B.      Mijil

    C.      Maskumambang

    D.      Dhandhanggula

    17.   Guru lagu gatra 1 tembang ingduwur yaiku... .

    A.      I

    B.      A

    C.      U

    D.      E

    18.   Ing macapat ana sing di arani guru lagu, guru wilangan lan guru gatra, apa kang di arani guru wilangan... .

    A.      Cacahing gatra saben sak pada

    B.      Tibaning swara saben pungkasaning gatra

    C.      Cacahing wanda saben sakgatra

    D.      Cacahing larik saben sak gatra

     

     

    19.   Tembung Prayoga duweni teges... .

    A.      Luweh elek

    B.      Pada wae

    C.      Cukup

    D.      Luweh apik

    20.   Tembung Watara duweni teges... .

    A.      Kurang luweh

    B.      Kurang apik

    C.      Jam

    D.      Nalika

    Timun mas

                Dhek jaman biyen ing salah sijining desa, ing desa kasebut ana Mbok Randha sing urip dhewe ora ana putra utawa sedulur. Amarga urip dhewe Mbok Randha mau kepengin duwe putra. Saben dina Mbok Randa donga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diparingi putra. Dheweke yakin menawa penjaluke bakal dikabulake dening Gusti Hyang Widhi Wasa. Mbok Randha, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu buta sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buta Ijo banjur nyeluk Mbok Randha supaya metu saka omahe. Mbok Randha kagyat ngerteni ana Buta Ijo ing ngarep omahe.

                Buta Ijo ngendika menawa bisa nulungi menehi putra. Buta Ijo lan Mbok Randha nganakake prajanjen Mbok Randha bungah atine krungu kandhane Buta Ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh panjaluke Buta Ijo menawa diwenehi putra tenan.

                Panjaluke Buta Ijo yaiku menawa putrane Mbok Randha wis gedhe dijaluk arep dipangan. Kekarone nyetujoni prajanjen mau, sabanjure Buta Ijo iku menehi wiji wit timun sing kudu ditandur Mbok Randha. Sawise Buta Ijo mau lunga, Mbok Randha nandur wiji timun iku ana kebon. wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemati, disiram, diresiki sukete,lan  dirabuk supaya cepet thukul.

                Sawise thukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis  padha awoh. Ing antarane akeh who timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane Emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi sehat kang apik lan Ayu rupane.

    Mbok Randha bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe putra wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake syukur marang Gusti amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka timunsing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun Mas.

     

    21.   Kang maringi wiji Timun yaiku... .

    A.      Mbok Randha

    B.      Timun Emas

    C.      Buta Ijo

    D.      Gusti Allah

     

     

    22.   Timun kang rupane Emas iku banjur pecah lan isine... .

    A.      Emas kang apik

    B.      Duwet kang akeh

    C.      Bocah lanang

    D.     Bocah wadon

    23.  Bayi iku pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi kuwi mau dijenengake.

    A.      Emas timun

    B.      Mbok Rondho

    C.      Timun Emas

    D.      Buta Ijo

    24.   Tembung kagyat duweni teges... .

    A.      Rangerti

    B.      Bingung

    C.      Kaget

    D.     Krungu

    25.   Tembung ngendika duweni teges... .

    A.      Ngamuk

    B.      Krungu

    C.      Lunga

    D.      Ngomong

     

    Kedadeyan ing kamar mandhi

    Sawise sawetara anggonku matur karo Pak Jaya, aku banjur pamit menyang kamar mandhi. Aku kemutan yen durung sholat Isya. Aku mangkat wudhu. Nalika aku wudhu, krasa yen ana tangan kang ngelus-elus gegerku. Aku kaget banget. Batinku, iki mesthi Pak Jaya kang ngelus-elus, mulane dakjarke wae, nanging … yen astane Pak Jaya kok kasar banget lan … abot banget kaya beras seket kilo. Atiku sansaya mrinding. Ora wetara suwe, ana swara glodhak …  aku kaget banget lan njumbul. Dakkira kucing utawa tikus, nanging kok ora ana wujude. Githokku mrinding lan anyep kabeh awakku. Aku arep mbengok mesti sing padha sare kaget. Aku meneng wae, nanging jantungku kaya-kaya copot. Watara samenit anggonku ngleremake rasa jirihku, aku banjur mbukak kran saprelu wudhu maneh. Kran dakbukak, banyu mili lan aku wudhu. Nalika aku basuh rail an tangan, githokku mrinding lan mambu wangi-wangi. Kaya-kaya ana kang nyekeli gegerku maneh lan ngelus-ngelus sirahku. Aku tetep nerusake ngusap setengah sirah, tanganku krasa yen ana kang nyekeli, rasane abot banget. Sapa kang nyekeli, aku ora ngerti. Ora let suwe, lawang kamar mandhi mbukak dhewe ing mangka maune katutup rapet lan Pak Jaya isih ing kamar ngarep. Dher … dher, glodhak keprungu swara lawang dibalang wong. Ora let suwe nalika aku nyedaki lawang mau, sirahku malah kathuthuk lawang sabanter-bantere. Mbok menawa iki mung perasaanku wae amarga wis kesel lan ngantuk. Senajan ngantuk kedadeyan iki bener-bener dak alami ing kamar mandhi mau.

    26.   Paraga crita ing duwur yaiku ... .

    A.      Aku lan pak Jaya

    B.      Aku lan Bapak

    C.      Aku lan Bu jaya  

    D.      Bu jaya lan pak Jaya

    27.   Aku kaget banget nalika wudhu amarga... .

    A.      Tanganne Pak Jaya ngelus elus gegerku ing kamar mandi

    B.      Aku lali duurung solat Isya dina kuwi

    C.      Krasa  yen ana tangan kang ngelus-elus gegerku

    D.     Ora wetara suwe, ana swara glodhak

    28.   Ora let suwe nalika aku nyedaki lawang mau, sirahku malah... .

    A.      Ngambung lawang

    B.      Ora krasa yen iku lawang

    C.      Kathuthuk lawang

    D.     Kesenggol lawang

     

    Aku matur karo Pak Jaya, aku banjur pamit menyang kamar mandhi.

    29.   Tembung kang kacetak miring duweni teges... .

    A.      Ngandani

    B.      Diwenehi ngerti

    C.      Ngungokne

    D.      Ngomong

    30.   Tembung kemutan duweni teges... .

    A.      Kelingan

    B.      Lali

    C.      Kladuk

    D.      Kliwat

     

     

    Jaka Tarub


                   
    Ing satunggaling dinten  Jaka Tarub mbebedak. Ananging boten wonten satunggal kewan. Piyambakipun kaget amargi wonten widodari-widodari ingkang sami gegojekan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika lajeng mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan lajeng dipun tilar kancanipun. Widodari menika lajeg kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika asmanipun Nawang Wulan.

    Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putra saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, Jaka Tarub boten angsal mbukak anggenipun adang. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah bikak isinipun dandang, Jaka Tarub kaget amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung. Nalika nawangwulan nuthu pari ingisor galar wonten slendang lan rasukan widodari nawang wulan, nawang wulan lajeng kondur nilar Jaka tarub lan nawngsih ing kayangn

    31.   Sapa sejatine Nawang Wulankuwi... .

    A.      Wong wadon kang ayu

    B.      Widodari saka kayangan

    C.      Widadari saka rembulan

    D.      Ibune Jaka Trub

    32.   Sapa Puti nipun Jaka tarub ... .

    A.      Nawang Wulan

    B.      Nawang Nawing

    C.      Nawang Sari

    D.      Putri Jaka

    33.   Kinging menapa kasaktianipun  Nawang Wulan ical... .

    A.      Amarga Nawang sari bukak isinipun dandang

    B.      Jakatarub nyolong rasukakane widadari ing wana

    C.      Nawang wulan ngandut putra inggih punika Nawang Sari

    D.      Jaka Tarub malah bikak isinipun dandang

     

    Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa

    34.    Tembung kang kacetak miring duweni teges

    A.      Slendang widadari

    B.      Klambi sakpengadek

    C.      Pusakane widadari

    D.     Barang kang aji

    35.   Tegese tembung wana yaiku... .

    A.      Alas/hutan

    B.      Gunung

    C.      Kali/sungai

    D.     Segara/laut

     

    36.  Miturut suwasanane pengalaman pribadi iku bisa di perang dadi loro yaiku... .

    A.      Pengalaman kang gumunake lan nyedihake

    B.      Pengalaman kang nyedihake lan nyenengake

    C.      Pengalaman kang Medeni lan nyenengake

    D.     Pengalaman kang gumunake lan orabisa dilalekake.

     

     

     

     

    Takkira Teh Jebul...

    Awan iku hawane ing Palagan Ambarawa panas banget, mula banyu ngombe sing dakgawa durung cukup ngadhemke gorokanku sing wiwit mau krasa garing. Aku lan kancaku nuju warung kang dodol werna-werna. Ana gorengan, jajanan, sega, teh, es teh, juice, lan liya-liyane. Bocah-bocah padha dhisik-dhisikan anggone arep ngombe teh lan es teh saka warung mau. Gorokanku krasa garing banget. Kancaku wis didoli es teh nanging aku durung. Nuju giliranku digawekake teh, ndilalah dhuwitku keri ing tas ing njero bis. Aku njupuk dhuwit mau lan pesen karo sing dodol supaya tehku dideleh meja. Ora let suwe aku wis tekan ing warung mau. Amarga saking ngelake, aku banjur nyekel gelas sing ana ing meja cedhake sing dodol. Batinku iki mesthi teh sing dakpesen. Ora nganggo basa-basi gelas iku mau dakcekel banjur dakombe. Mak jabrus rasane ora teh, nanging ora enak babar pisan. Sawise rada suwe daksawang, jebule ing gelas mau ora teh, nanging lenga jlantah bekas kanggo goreng. Kanca-kancaku padha pingkel-pingkel ngingeti tingkah polahku kang ngombe lenga jlantah. Sing dodol mung kamitenggengen kaya-kaya ora percaya ndeloki adegan iki.

    37.   Cerita pengalaman iki kedadean ana ing ngendi... .

    A.      Daerah Ambarawa

    B.      Warung Mangan

    C.      Palagan Ambarawa

    D.      Jawa Tengah

    38.    Kang di ombe ana cerita kuwi apa...

    A.      Juice

    B.      Es teh

    C.      Jlantah

    D.      Banyu

    39.   Kang  didol ing warung mau kejaba apa ... .

    A.      Gorengan

    B.       Jajanan

    C.       Sega  

    D.      Sepur

    40.   Piwulang apa kang bisa di jukuk saka cerita kuwi...

    A.      Aja ngombe jlantah

    B.      Aja jajan nang warung

    C.      Aja seneng grusa-grusu

    D.      Aja lali gawa duwet

    41.   Kang ora klebu prangkat aksara jawa yaiku... .

    A.      Sandangan Aksara jawa

    B.      Aksara Murda

    C.      Aksara swara

    D.      Guru gatra

     

     

    42.   Pira cacahe aksara Dentawyanjana legena

    A.      2

    B.      20

    C.      5

    D.      4

    43.   Sandangan swara iku ana 5 yaiku ....

    A.      Wulu, Pepet,Suku,Taling lan cecak

    B.      Taling, Tarung, Wulu,Suku lan Layar

    C.      Taling, Taling Tarung, Wulu,Suku lan Pepet

    D.      Wulu, Pepet,Suku,Taling lan Pangkon

    44.   Pira cacahe sandangan Panyigeg wanda... .

    A.      5

    B.      20

    C.      7

    D.      4

    ?aikiakSrjw.

    45.   Aksara ing duwur yen di tulis latin dadi... .

    A.      Ha na ca ra ka

    B.      Iki aksara jawa

    C.      Iki basa jawa

    D.     Iki dara jawa

     

    URAIAN

    1.      Sebutna 3 peranganne teks naratif !

    2.      Tulisna paugerane tembang Pangkur !

    3.      Saiki gawea cerita pengalaman pribadi 2 paragraf saben paragraf isine 7 ukara/kalimat

    4.      Tulisna aksara jawa dentawyanjana lan pasanganne

    ?akukufudfi[bochpinte/.

    5.      Aksara jawa ing duwur yen di tulis latin dadi... . 



  • You might also like

    1 komentar:

    1. Harrah's Resort Southern California - Mapyro
      Find Harrah's Resort Southern California, Funner, CA 포항 출장안마 in Funner with 울산광역 출장마사지 real-time 김천 출장샵 driving directions. Realtime driving 영주 출장안마 directions to Harrah's Resort Southern California, 안산 출장마사지

      BalasHapus

Cari Blog Ini

Diberdayakan oleh Blogger.