• Urutan Pemberkatan Menggunakan Bahasa Jawa

     

    PAHARGYAN EKARISTI

    SAKRAMEN IJAB SUCI


    Margareta Tri Lestari

    DAUP KALIYAN

    Yohanes Adi  Setio

    Jumat pon, 22 Juni 2018

    Kapimpin dening Rm. CT. Wahyono Djati Nugroho, Pr.

    Wonten ing Greja Santo Thomas Rasul Jlegong


    UPACARA IJAB SUCI

    Penganten dibagekake lan dipasrahake:

    I.              Mugo penganten sekaliyan binerkahan lan jinangkung ing pangeran, kasunarana cahyaning wadana Dalem, karentahana sih nugraha, kapriksanana kanthi penuh pirena, pinaringan tentrem raharja.

    U.     Amin.

    {panganten nuli dikapyuri banyu suci}

    W.  Nuwun Rama, minangka wakilipun kalawarga Bapak Kamino-Sunarmi kaliyan Bapak Pikir-    Sriyanti keparenga kula masrahaken putra-putrinipun, inggih punika:

    Margareta Tri Lestari

    Kaliyan

    Yohanes Adi Setio

    Ingkang sowanipun badhe nyuwun, supados ijabipun dipun berkahana lumantar panjenenganipun Romo sarta sineksenan ing pasamuwan.

    I.         Maturnuwun dhateng ibu-bapak saha kalawarga sedaya, dene mitados pasamuwan nyuwunaken berkahing pangeran kangge putranipun, panganten sekaliyan. Kanthi punika mangga sami sowan ingarsa Dalem Gusti.

    {arak-arakan sowan ing altar Dalem Gusti kairing kidung pambuka}

     

    PAMBUKA

    Bebukaning pangibadah:

    I.         Konjuk ing asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci

    U.   Amin.

    I.     Berkah karta-raharja Dalem Allah tansah manunggala

    U.   kaliyan kula sadaya

     

     

    I.              Penganten sekaliyan, sowanmu ana ing kene iki perlu padha nyuwun supaya katresnanmu disucekake pangeran ana ingarsane pasamuwan. Apa maneh padha areo nyuwun sih pitulungan amrih bisa tetep setya tuhu netepi kuwajibaning urip bebrayatan. Gatekna mengko Sabda Dalem  Gusti sing tinemu ing Kitab Suci., diparingake lumantar para leluhur lan nabi, lumantar para Rasul lan Sang Kristus pribadi, sarta diterangake dening Pasamuwan Suci.

    Pamartobat:

    I.              Ayo padha ngeningake ati lan budi, matur nuwun karana sakehing sih nugraha sing wis ditampa, lan ngeduwungi sakehing dosa sing wis dilakoni, amrih pantes nampa rumentahing berkah matumpa-tumpa.

    I.              Kawula ngakeni....

    U.      Ingarsaning Allah, ingkang Mahakuwasa, tuwin para sadherek sadaya, bilih kawula sampun nglampahi dosa srana gagasan, tetembungan, tindak-tanduk, tuwin margi nglirwakaken kewajiban, awit saking lepat kawula, sagenging lepat kawula, pramila kawula nyuwun ingarsanipun Ibu Kenya Maria, para Malaekat, tuwin para suci sarta para saderek sedaya karsaa nyenyuwunaken ingarsaning Allah, pangeran kawula.

    I.       Muga Allah kang Mahakuwasa karsa paring palimirma lan pangapuraning dosa, sarta nuntun kita marang urip langgeng.

    U.   Amin

    Gusti Nyuwun Kawelasan

    Sembahyangan Pambuka:

    I.              Ayo padha munjuk:

    Gusti Allah, Rama ingkang Mahakuwasa tuwin langgeng, mugi karsaa midhangetaken panyuwun kawula, saha mugi karsaa kanhi renaning panggalih ngrentahaken sih dhateng putra kekalih supados anggenipun sami tangsul-tinangsulan janji kateguhan ing katresnan murni wonten ing sacelaking altar suci. Lantaran Sri Yesus Kristu, Putra Dalem, Pangeran kawula, ingkang kaliyan Gusti manunggil ing Hyang Roh Suci gesang tuwin mengku keprabon, jumeneng Allah ing Salami-laminipun.

       U.     Amin.

     

     

     

    IBADAH SABDA

    WAOSAN I:                                                                                                                 (Ef 5:22-33)

    Pethikan saking seratipun Rasul Paulus dhateng umat ing Ephesus

    Para sadulur, wong wadon kudu manut karo sing lanang kaya karo Gusti. Awit wong lanang iku kepalaning wong wadon, kaya Sang Kristus jumeneng kepalaning pasamuwan kebawah ing Sang Kristus, semono uga wong wadon kebawah karo sing lanang ing samubarang. Wong lanang, dipadha asih marang bojomu, kaya sang Kristus anggene asih marang pasamuwan, lan dilabeti sarana ngulungake salira Dalem; kersane arep disucekake, diresiki nganggo ingedus ing banyu, kinanthen ing sabda. Gusti mundhut pasamuwan ingirid ing ngarsane penuh kamulyan, tanpa blentong, kusud, utawa kekurangan sawiji apa, dimen suci lan tanpa cacat. Mengkono uga wong lanang kudu tresna marang bojone kaya marang awake dewe. Sing tresna marang bojone, iku tresna marang awake dewe. Awit durung tau ana wong sengit karo badane dewe, nanging malah diingoni; dilela-lela; mengkono uga Sang Kristus karo pasamuwan. Awit aku iki rak padha dadii gegelitaning slira Dalem, saka daging lan tosaqn Dalem. Mula wong kudu ninggal bapa lan biyunge, lan rumaket marang bojone lan kekarone bakal dadi sadaging. Kekeran iki jero maknane, yaiku yen ditrepake karo Sang Kristus lan pasamuwan. Wose, kowe siji-sijimu, kudu kresna marang bojomu, kaya marang awake dewe. Dene wong wadon diwedi marang sing lanang.

     

     

    L.       Makaten Sabda Dalem Gusti.

    U.      Sembah Nuwun Konjuk ing Gusti

     

    Kidung panglimbang/ Alleluya Cacela Injil

     

     

     

     

     

     

    Injil Suci

    I.               Pethikan injil suci anggitane Santo Matius (19:3-6)

    I.                Nalika samana ana wong parisi padha sowan Gusti Yesus arep nyoba mangkene, “Tiyang punika punapa kenging megat semah mawi alasan punapa kemawon?” Gusti Yesus paring wangsulan, “apa kowe durung tau maca, yen kalane manungsa ing mulabuka dititahake dening Gusti Allah, lan kekarone bakal dadi saraga. Dadi wis ora ora loro maneh, nanging mung saraga. Mula apa sing wis katunggalake dening Allah, manungsa aja pisan-pisan misahake.”

     

    I.               Rahayu wong kang uripe selaras karo sabda Dalem lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem.

    U.      Rinesepna sabda Dalem Gusti, ing manah kawula.

     

    Homili

     

    IBADAH IJAB SUCI

    Nanting kasaguhan:

    I.                    Para sadherek, sapunika sampun dumugi titi-wancinipun panganten ngucapake janji bebrayatan, mila para saksi kasuwun majeng, ngamping-ampingi panganten sekaliyan, lan para rawuh sadaya kasuwun jumeneng.

    Saderengipun penganten sekaliyan ngucapake janji nikah suci, kula badhe nyuwun priksa dhateng para saksi.

    Para saksi kekalih, punapa panjenengan sekaliyan priksa bab pambenganipun penganten punika miturut tata-cara adat Greja Katholik?

    (saksi)        sapangertosan kula penganten punika mboten wonten bab pambenganipun, pramila upacara panampining sakramen ijab suci punika saged kalajengaken miturut tata-caranipun adat Greja Katholik.

    I.                    Penganten sekaliyan, sadurunge padha ngucapake janjimu, dak jaluk padha ngaturna sapisan maneh, sing dadi esthining kekarepanmu, kanthi dipriksani para seksi lan para rawuh kabeh. Mula wangsulana pitakonankuiki, kanthi gentenan,:

    I.                    Yohanes Adi Setio, sowanmu mrene perlu arep ijab iki apa tanpa peksan babar pisan, metu saka karepmu dewe sing mardika temenan?

    PK.       Inggih, saestu.

    I.                    Apa kowe saguh salawase urip arep tresna-tinresnan, tulung-tinulung, lan urmat-ingurmatan?

    KP.       Inggih, kula sagah.

    I.                    Apa kowe saguh kanthi bungah ing ati nampa lan nggulawenthah momongan, nugrahaning pangeran, salaras karo angger-angger Dalem?

    KP.       Inggih, kula sami sagah.

    I.                  Margareta Tri Lestari, sowanmu mrene perlu arep ijab iki apa tanpa peksan babar pisan, metu saka karepmu dewe sing mardika temenan?

    PP.       Inggih, saestu.

    I.                    Apa kowe saguh salawase urip arep tresna-tinresnan, tulung-tinulung, lan urmat-ingurmatan?

    KP.       Inggih, kula sagah.

    I.                    Apa kowe saguh kanthi bungah ing ati nampa lan nggulawenthah momongan, nugrahaning pangeran, salaras karo angger-angger Dalem?

    KP.       Inggih, kula sami sagah.

     

    Prajanji Ijab

     

    I.                    Rehne padha niyat urip bebrayatan, saiki panganten sekaliyan padha numpangna tanganmu tengen ing Kitab Suci, lan ucapna janjimu gentenan, sing kapisan penganten kakung.

     

     

     

     

     

    {Temanten kakung}

    ING ARSANING ALLAH TUWIN PASAMUWAN

    KULA: YOHANES ADI SETIO

    NGAKENI KANTHI TULUS IKHLAS TUWIN BEBAS

    BILIH: MARGARETA TRI LESTARI

    WIWIT ING TITI WANCI PUNIKA

    DADOS SEMAH KULA INGKANG ABSAH

    PUNAPA MALIH KULA PRAJANJI

    SALAMINIPUN GESANG BADHE  TANSAH TETEP SETYA

    SARTA NRESNANI SISIHAN KULA

    ING WEKDAL BINGAH UTAWI SUSAH

    ING WEKDAL SARAS UTAWI SAKIT

    LAN ING KAWONTENAN PUNAPA KEMAWON

    MAKATEN, MUGI GUSTI ALLAH TUWIN INJIL DALEM PITULUNGAN KAWULA

     

    {Temanten putri}

    ING ARSANING ALLAH TUWIN PASAMUWAN

    KULA: MARGARETA TRI LESTARI

    NGAKENI KANTHI TULUS IKHLAS TUWIN BEBAS

    BILIH: YOHANES ADI SETIO

    WIWIT ING TITI WANCI PUNIKA

    DADOS SEMAH KULA INGKANG ABSAH

    PUNAPA MALIH KULA PRAJANJI

    SALAMINIPUN GESANG BADHE  TANSAH TETEP SETYA

    SARTA NRESNANI SISIHAN KULA

    ING WEKDAL BINGAH UTAWI SUSAH

    ING WEKDAL SARAS UTAWI SAKIT

    LAN ING KAWONTENAN PUNAPA KEMAWON

    MAKATEN, MUGI GUSTI ALLAH TUWIN INJIL DALEM PITULUNGAN KAWULA

     

     

     

    Ijab Diteguhake:

    I.                    Atas asmaning Pasamuwan Suci aku nyekseni yen ijab iki ijab kang absah lan uga absah tumrap Negara. Muga-muga pangeran renaa ing panggalih ngrentahake berkah sih nugraha.

    Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama (†) saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.

    Lan kabeh umat kang ana ing kene dak angkat dadi seksine panunggalan Suci iki. Apa kang wus katunggalake dening Gusti, manungsa aja pisan-pisan misahake.

    U.      Amin.

     

    Berkahan Penganten

    I.                 Ayo padha nyuwunake berkah penganten sekaliyan, keparenga padha setya tuhu tresna-tinresnan anggone padha urip berbrayatan.

     

    {meneng sadhela, nuli asta diungkulake}

     

    I.                 Gusti Allah, Rama ingkang Mahasuci, ingkang yasa alam sabawana, sarta nitahaken priya kaliyan wanita miturut citra pepethan Dalem pribadi, saha ngarsakaken ngluberaken berkah lumintu dhateng brayat enggal wau, keparenga kawula nyuwunaken panganten sekaliyan, ingkang nembe sami tangsul-tinangsulan janji.

    Mugi Gusti ngrentahna berkah sih nugraha dhateng putra kekalih dalah kulawarganipun, saha mugi marengna panganten sekaliyan sami migunakaken nugrahaning gesang sesemahan, sami ngrengga brayatipun mawi momongan, saha dados bapak-ibu ingkang penuh katresnan.

    Manawi ginanjar bingah, mugi samia ngalembana Gusti; manawi nandang susah, mugi samia ngupadosi Gusti; keparenga tansah sami bingah, karana Gusti njangkung saha paring berkah ing sakathahing padamelanipun.

    Mugi sami ngrumaosana, bilih Gusti tansah ngamping-ampingi, saha paring entheng ing salebeting rubeda; keparenga sami nggayuh umur panjang, lan wasana sami mlebet ing kratoning swarga, nunggil kaliyan para mitra tuwin kadang, ingkang sapunika sami wonten ing ngriki. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

    U.         Amin

     

     

    Berkahan Ali-ali:

    I.                    Rama kawula ingkang maha asih, mugi karsaa mberkahi sesupe (†) punika, ingkang kawula berkahi atas asma Dalem, supados ingkang sami ngangge sami dene setya tuhu, tansah ngugemi katentreman tuwin karsa Dalem, saha gesang tresna- tinresnan saestu. Lantaran sang Kristus, Gusti Kawula.

     

    {ali-ali nuli dikepyuri banyu suci lan penganten banjur gentenan nganggokake}

     

    I.                    Yohanes Adi Setio, nggokna ali-ali iki ing jenthik manising sisihmu, minangka tandaning setya tuhu lan asih tresna. Konjuk ing asma Dalem Hyang Rama (†) saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.

    U.          Amin.

     

    I.                    Margareta Tri Lestari, nggokna ali-ali iki ing jenthik manising sisihmu, minangka tandaning setya tuhu lan asih tresna. Konjuk ing asma Dalem Hyang Rama (†) saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.

    U.          Amin.

     

    Pasrah Sanguning Urip:

                {Ubarampe Kitab Suci, Salib, Rosario disuwunake berkah lantaran Rama Imam. Sawise diberkahi banjur dipasrahake marang temanten sekaliyan}

    Bapa-Ibu: anak-anakku, tampanana Kitab Suci, Salib, lan Rosario iki, minangka sangu anggonmu miwiti urip mbangun brayatmu sakloron. Ing wanci bungah aja lali apa sing dadi isining Kitab Suci. Ing wanci nampa pancoban aja ninggalake sembahyangmu.

     

    Temanten: matur nuwun, Berkah Dalem.

     

    Sungkeman:

    I.                    Minangka tanda bekti marang wong tua, penganten sekaliyan padha sengkema ing arsaning , nyuwun berkah pangestu.

    {kairing kidung}

     

     

    Surat Nikah:

    Penganten sekaliyan lan para seksi kasuwun napak-astani surat nikah.

    {kairing kidung}

    Panyuwunan Umum:

    I.                    Para sadulur kinasih, ayo padha nyenyuwunake penganten sekaliyan, kang mentas ngucapake janji suci ana ingarsa Dalem Gusti, nedya tulung-tinulung lan tresna-tinresnan ing sajroning urip bebrayatan.

    1.                       Gusti ingkang Mahasae, matur nuwun dene Sampeyan Dalem estu tresna dhateng kawula. Dinten punika paduka ngeparengaken kawula ngaturaken sadherek kawula wonten ing Sakramen Ijab Suci. Kaberkahana sadherek kawula punika supados sami setya, sami ngiyataken saha mbangun brayat ingkang sae, saengga saget mujudaken kabagyan sejati ingkang sumberipun inggih saking Sampeyan Dalem. Dadosa kabagyan punika sumrambah dhateng sedaya tiyang ing sakiwa tengenipun. Kawula nyuwun...

    2.                       Gusti ingkang Mahamirah, paduka sampun minanggihaken sadherek kawula kekalih punika lan ngiket kekalihipun mawi talining katresnan. Kaberkahana kekalihipun mawi talining katresnan. Kaberkahana kekalihipun kesehatan jiwa raga, saha anggadahi manah ingkang tulus suci, saengga kekalihipun saged ngrampungaken tugas saha kuwajibanipun ing saben dintenipun kanthi suka gambira, saengga kulawarganipun saget dados sumber katentreman saha kabagyan. Kawula nyuwun...

    3.                       Allah sumbering kabagyan sejati, wiwit wekdal punika sadherek kawula punika sampun resmi dados suami-istri. Kajangkunga supados saged gesang tentrem lan rukun. Saget mbikak manah lan pikiranipun, saha saged mangertos antawis satunggal lan satunggalipun. Pinaringana ugi katurunan ingkang sehat lan ngremenaken tiyang sepuhipun saha saged njembaraken Kraton Dalem wonten ing donya. Kawula nyuwun...

    4.                       Gusti ingkang Mahatresna lan Mahasae, mugi paduka karsa mberkahi sadaya kulawarga lan para sadherek ingkang hamengkugati badhe mahargya temanten kekalih punika. Pinaringana wilujeng nir ing sambekala wonten ing purwa, madya, lan ing wusananipun. Mugi kaberkahana ugi sedaya pirantos ingkang kangge nyekapi kabetahannipun. Kawula nyuwun...

    I.                    Awit saking Gusti pinangkanipun, saha dhateng Gusti wangsulipun sedaya ingkang kumelip lan gumrayah. Pramila kawula sami manembah muji Gusti saha munjuk sembah nuwun sawanci-wanci lan ing salaminipun.

    U.          Amin

     

     

    Rama Kawula

    I+U.            Rama Kawula ing swarga......

    I.                    Kaluwarna kawula dhuh Gusti saking sakathahing piawon. Dene manah nyuwun tentrem ing wekdal samangke, supados kanthi sih pitulungan Dalem kawula resik saking dosa tebih saking godha rencana, sarta ngantu-antu kamulyan tuwin rawuh Dalem Sang Pamarta Sri Yesus Kristus.

    U.          Awit Gusti ingkang lestantun mengku keprabon,

                 Panguwasa tuwin kamulyan ing salami-lami.

     

    Pasrah Marang Ibu Maria

    {yen panganten arep masrahaken brayate marang Ibu Maria lan padha matur bebarengan.

    Prayoga migunakake sembahyangan iki}

    Ibu Maria,

    Rumiyin Ibu karsa ngrawuhi panganten ing Kana.

    Ibu begjanipun panganten wau, dene boten estu kawirangan.

    Awit saking lantaran tuwin pitulunganipun Ibu

    ingkang putra sri yesus karsa yasa mukjijat ingkang sapisanan.

     

    Ibu Maria,

    Kawula kekalih nembe nampi lan nampekaken sakramen ijab.

    Ingkang Putra rawuh wonten ing manah saha brayat kawula.

    Sapunika kawula suwun ugi Ibu rawuh saha lenggah

    Wonten ing manah tuwin brayat kawula.

     

    Ibu Maria,

    Kawula mboten mangertos, punapa ingkang badhe kawula alami.

    Nanging kawula pitados, bilih Gusti temtu rena ing panggalih,

    Paring sih pitulungan ing salebeting subeda,

    Jer Ibu ingkang jumeneng lantaran kawula.

     

     

    Pramila Ibu Maria,

    Brayat ingkang nembe kawula bangun punika,

    kawula sumanggakaken ingarsanipun Ibu.

    Kawula nyuwun dipun amping-ampingi,

    Dipun ayomi saha dipun jagi, amrih Gusti ingkang Putra,

    Tansah jumenenga ing tengahing brayat kawula,

    Sarta tansah kawula pepundhi tuwin kawula tresnani.

    Amin.

     

    Sembah Bekti Kawula Dewi Maria... ( x 3 )

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

     

    ATUR PANUWUN

     

    Puji syukur sembah nuwun konjuk Ing Gusti Allah ingkang Maha Asih

    Awit sampun paring berkah dhateng penganten sekaliyan.

    Matur sembah nuwun ugi katur:

     

    Rm. CT. Wahyono Djati Nugroho, Pr

    Dewan paroki & sekretariat paroki

    Saksi:

    Bapak, ibu, para sadherek sedaya

     

    Berkah donga pangestu mugi tansah rumentah

    Dhateng penganten sekaliyan

    Sumrabahipun dhateng kula panjenengan sedaya.

     

     

     

    Wonogiri, 22 juni 2018

    Kel. Kamino – Sunarmi                                                  Kel. Pikir – Sriyanti

     

     

     

    Margareta Tri Lestari    &     Yohanes Adi Setio

     

     

     

     

     

    PANUTUP

     

    Berkah Panutup:

    I.                    Upacara ijab suci wus kalaksanen. Minangka panutup ayo padha nyuwun berkahing Pangeran.

    I.                    Gusti manunggala.

    U.          Kaliyan kula sadaya.

    I.           Muga Allah Hyang Putra, kang lelabetane tanpa wangenan, tansah ngayomana lan amping-ampingana ing bungah lan susah.

    U.          Amin.

    I.           Muga Allah Hyang Roh Suci, jatining katresnan Ilahi, tansah ngluberna katresnan murni ing ati lan ing budi.

    U.          Amin.

    I.          Muga umat dalem ing kinasih iki binerkahan dening Allah kang Mahakuwasa. Hyang Rama (†), Saha Hyang Putra Tuwin Hyang Roh Suci.

    U.          Amin.

     

     

    Kidung Panutup


  • You might also like

    2 komentar:

Cari Blog Ini

Diberdayakan oleh Blogger.