• Contoh sesorah/pidato basa jawa kelulusan kls IX utawa XII

     

    Sesorah/Pidato



    Halo gaes, piye kabar e…. Saiki sliramu mesti lagi goleki tuladane pidato utawa sesorah, pas karo artikel iki kang bakal ngrembuk bab sesoarah utawa pidato, saiki ora usah ngango suwe-suwe langsung di jlentreh ake bab sesorah iku apa, lan struktur sesorah iku kepiye.

    Sesorah yaiku wewangunankang gunane utawa kanggone ajak-ajak, nglipur, ngaturi kabar, sesuluh lan liya-liyane. Banjur cara gunakake sesorah yaiku maca naskah, apalan, lan improvisasi.

    Sesorah, tanggap wacana utawa pidato iku padatane kedadean saka pambuka isi lan panutup ananging yen di jlentrehake/ dijelasake kanti princi dadi kaya mangkene:

    1.      Atur salam/ salam pambuka

    2.      Nyambut tamu/menyebut tamu yang hadir

    3.      Ngaturaken puji syukur sarta panuwun/ mengucapkan sukur dan trimaksih

    4.      Wigatining atur/inti pidato

    5.      Pangajeng-ajeng lan pangajak/permohonan lan harapan

    6.      Atur panutup/ kata penutup

    7.      Salam penutup

    Sesorah utawa pidato kaya mengkono kuwi diarana sesorah/ pidato jangkep senadyan ana kalane sesorah uga ora jangkep kaya mangkono. Ayo saiki gatekna sesorah jangkep ana ingisor iki

     

     

    Conto/Tuladane sesorah

    Sugeng Siang, berkah dalem

    Nuwun, Ibu kepala sekolah ibu Veronica Puji Lestari ingkang kinurmatan, tamu undangan, Bapak ibu guru saha karyawan ingkang tansah kula hormati, saha kadang-kadang kinasih kls 9 lan adik-adik kelas 7 lan 8 ingkang kawula tresnani

    Sumangga sami ngaturaken raos puji lan suku dumateng Gusti ingkang maha asih awit wedal punika kula lan panjenengan sedaya saget kempal manunggal wonten papan menika mboten kekirangan punapa.

    Kula minangka sesulihipun saking siswa kelas IX ngaturaken raos puji syukur awit bapak lan ibu guru sampun gulawetah kawula sakanca kanti sih katresnan saengga saget ngrampungaken anggen kula ngangsu kawereh wonten SMP Kanisius St. Yoris punika kanti biji ingkang maremaken.

    Kula sakanca namung saget nyenyuwun mugi-mugi Gusti ingkang maha Asih pinaringan kasarasan, kasenan lan kawilujengan saengga saget gula wentah adik-adik kelas 7 saha kelas 8  ngantos lulus wonten SMP Kanisius St. Yoris kanti biji ingkang marem maken manah.

    Mboten kesupen kula sakanca ugi ngaturaken agunging pangapunten, awit asing damel bapak ibu guru duka, jengkel, lan kuciwa amergi saking atur lan solah bawa kula ingkang boten nujuprana wonten penggalihipun panjenengan.

    Wusana, cekap semanten atur kula amergi kula taksih cubluk bab basa lan solah bawa saengga mboten mranani penggalihipun panjengan sami mila kula nyuwun agunging pangapunten

    Sugeng siang, berkah dalem.

     

  • You might also like

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar

Cari Blog Ini

Diberdayakan oleh Blogger.