• Ringkasan Asal usul rawa pening 100% betul

     

    Ringkasan cerita Asal-Usul Rawa Pening Basa Jawa Ngoko

                Halo gaes, kesempatan ini saya mencoba meringkas secara singkat cerita Asal Usul Rawa Pening mengunakan bahasa jawa ngoko, maka dari itu ayuk disimak sampai selesai jika ada pertanyaan silahkan isikan di kolom komentar ya.

                Kacarita ing Dusun Ngasem Kecamatan Ambarawa Kabupaten Semarang ana padhepoan kang kondang. Ana kono murit kang lanang diarani putut lan seng putri diarani endang. Para putut lan endang sami mongkok atine kalih gurunipun yaiku Ki Ajar Salokantara. Kiajar salokantara uga duweni murit kang ayu rupane kang aran Ni Endang Ari Wulan.

                Kacarita wektu iku Ni Endang Ari Wulan arep mecah jambe dinggo sesaji ana tengah wengi banjur goleki peso. Sawise goleki peso ora ketemu, Ni Endang ari wulan manggihi Kiajar salokantara supaya ngampil pesone. Kiajar Salokantara banjur menehi peso mau kanthi pesen poso mau aja di pangku sawise di silihi, Ni Endang Ari Wulan lali marang pesene Ki Ajar Salokantara. Peso di pangku banjur ilang saknalika. Ni Endang Ari Wulan banjur ngomong karo Ki Ajar Salokantara.

                Ora letsuwe ana Dusun Ngasem geger amerga Ni Endang Ari Wulan garbeni utawa meteng. Kiajar salokantara banjur dawuh supaya Ni Endang Ari Wulan ngadep. Sakwise kuwi Ki Ajar Salokantara pamet dening Ni Endang Ari wulan yen deweke arep mertapa ana Gunung Telamaya, sakdurunge tindak Kiajar nitipake klinting kanggo sijabang bayi. Ora suwe bayi mau lair ananging wujude ula utawa naga naing duweni polah kaya manungsa isoh ngomong lan nangis.

                Nalika naga kuwi mau uwes gedhe banjur takon karo ibune sapa bapake. Ni endang Ari Wulan banjur ngomong yen bapake yaiku Ki Ajar Salokantara kang saiki mertapa ana Gunung Telamaya. Naga kuwi mau banjur nusul ana Gunung Telomaya Naga kuwi mau ora lali gawa klintinge kanti di tutne dening Ni Endang Ari Wulan saka burine. Anggone mlaku Naga kuwi ngobahake klintinge mula uwong-uwong ngarani Naga kuwi baru klinting.

                Dina wesa ganti wulan, wulan wis ganti taun baru klinting wes ngrasaake kesel ngerteni kahanan kuwi. Nanging banjur krungu swarane kekidungan Ni Endang Ariwulan saka kadoan saengga dadisemangat Naga kuwi mau. Akhire Nagakuwi wes cedak saka Gunung Telamaya ngerteni kahaan kaya mengkonokuwi Ki Ajar Salokantara banjur mapak Naga kuwi. Naga kuwi banjur mantuk-mantuk ana ngarepe Ki Ajar salokantara tanda nyembah banjur ngomong yen deweke iku anake kanti nuduhake klinting lan nyebutake yen ibuke Ni Endang Ari Wulan. Ki Ajar Salokantara ora percaya mgono wae amerga ana donya iki akeh klinting. Ki Ajar Salokantara banjur dawuh supaya Baru Kilinting mertapa tepung gelang ana Gunung Telamaya.

                Baru klinting banjur muteri gunung mau anangeng ora bisa tepung endas lan buntute. Baru Klinting banjur ngetokne ilate dinggo genepi. Sanalika Ki Ajar Salokantara metu bajur nugel ilat mau karo ngomong ilat iku senadyan gedene sak welat nanging duweni kasit. Sakwise kuwi Baru Klinting banjur nerusake angone mertapa. Baru Klinting anggone mertapa wes pirang-pirang sasi saengga awake wes ketutupan suket lan wit witan. Sakwise kuwi Ki Ajar Salokantara banjur nemoni Ni Endang Ari Wulan supaya manggon ana dusun Patok.

                Dusu patok yaiku salah sijining dusun kang gemahripah loh jinawi nanging rakyate ora duweni rasa sukur. Wektu kuwi warga desa pada golek gewan ana alas dinggo pista. Ana kono ana salah siji warga desa kang mecah inang dilandesi wit kang ireng. Ora ngertia wet mau ngetokake getih amerga sejatine wet ireng iku Baru Klinting kang lagi mertapa. Sakwise diketok-ketok naga mau di gawa kanggo pista. Baru Klinting banjur ngetutke kanthi jilma dadi pemuda kang bagus lan gagah ananging duweni awak kang reget pemuda iku arane aran Jaka Bandung

                Jaka Bandung banjur melu ana gon pista. Nalika ana pista Jaka Bandung nyuwun dedaharan nanging ora di paringi dening warga desa malah di singkang lan di ece. Banjur ana Randa kang maringi mangan Jaka Bandung. Randa kuwi jenenge Ni Endang Ariwulan sakwise mangan  Jaka Bandung weling supaya mengko yen ana suwara gemuruh mbok randa mlebu lesung gawa centong lan sangu sakperlune. Jaka Bandung banjurbanjur pamit lan bali ana pista.

                Jaka Bandung ananing piste tetep di singkang lan di ece, Jaka Bandung banjur nganake sambara sapa kang bisa nyabut sada kang di tancepne bakal di sembah. Kabeh warga pada nyoba ananging ora ana kang isoh. Joko bandung banjur njabut sada mau. Sanalika lemah metu banyu lan dadi banjir bandang. Banjur nalika sada diuncalke lan katut lemahe, lemah iku dadi gunung kang arane Gunung Kendalisada.  Banjir bandang sansaya gede lan ngelepi panggonan kuwi dadi panggonan kang aran Rawa Pening.

  • You might also like

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar

Cari Blog Ini

Diberdayakan oleh Blogger.